Sepi Sedawaning Wengi
tengah wengi, atis tekan ros-rosan driji
inyong ndhikekel neng padon senthong
ngeloni kampil pating clenah mambu iler
sikil dibrongkos kasut
utek pating krembut ngangen-angen kepenginan ora sumbut
lawang tek cengkal kambi alu
wedi sinawa wewe gombel mlebu
wengi sengsaya sepi
kokok beluk ngundang-ngundang sekang pucuk wringin kurung pinggir dalan
nambahi angkere wengi
atiku mblayang separan-paran
ngiderii langit
langit mosak-masik
tek ubek-ubek sedawaning wengi
sapa ngerti
sliramu kang ginambar lamuk kang lumaku
sajeroning impenku
Cilangkap, 01 Oktober 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar